Translate

Jumat, 10 Juni 2011

cerpen dunia maya PENGANTEN DEMIT

cerpen dunia maya:PENGANTEN DEMIT.
Mencoba sesuatu yang baru,judul dan isi cerpen kali ini berbahasa jawa,tapi terjemahan dari posting lama yakni PENGANTIN HANTU



Wis bola bali montor sing sepione dipasangi janur kuwi liwat dalan ngarep warung anggonku cangkruk ngopi.Saiki sing ping papat banjur mandeg ning ngarep warung. “Nyuwun sewu mas,dalemipun tiyang ingkang gadah damel wonten dusun mriki pundi?”sijine wong lanang mudun saka montor “wah kadose mboten wonten ingkang gadah damel kok wonten mriki.”ujare kang Warno sing metu saka warung. Wong lanang mau banjur bali menyang rombongane.Aku lan pira piro wong melu nyedak. “Endi to Yun omahe kok isa lali?” wong banjur takon marang Yun sing sajake nganten putri. Sing ditakone bingung. “Nyuwun sewu punaqa wonten fotone nganten jaler?”Dumadakan pak Warji mara banjur takon. “Inggih wonten.”saurane penganten putri banjur njupuk foto lan diwenehke pak Warji.Pak warji manggut manggut nyawang foto kuwi. “Oh,aku kelingan,mas Yon pesen nek mrene dikongkon nengeri wit kelapa.”dumadakan penganten putri ujar lan katon sumringah seneng. Rombongan mau banjur pamit. Pak Warji ngongkon njupuk sepeda sing ndak parkir neng ngarep warung banjur ngajak ngetutake rombongan nganten mau.
“Yun,endi omahe?Kuwi wite klapa, malah kae
kuburan.”Takone pak sopir sing mulai jengkel. “Mekaten mawon,mangga kula teraken dateng tiang sepuhipun nganten jaler.”ajakane pak Warji nalika nyedaki rombongan. Rombongan mau setuju lan banjur ngetutake sepeda montorku sing mboncengke pak Warji. Jebul pak Warji ngajak menyang omahe pak Noto. “Inggih leres punika fotonipun yoga kula Yoyon Suyono.”ujare pak Noto marang rombongan nalika wus teka. “Pak,sampean ki piye,endi anakmu Yoyon,lan ngopo kok ora ana rame rame kanggo nampa penganten? salah sijine rombongan takon kanti nesu,lan rombongan padha pating gremeng. “Nganten?”pak Noto sajak bingung. Banjur salah sijine wong mau banjur nyritakne kanti tembung rada srogol menawa Yuyun lan Yoyon Suyone wis mufakat ijab khobul dina iki jam pitu sore neng omahe Yoyon lan diramek ramekne. “Yuwun sewu,leres foto niki yoga kula Yoyon Suyono,nanging piyambake sampun ninggal pitung tahun kepengker.”semaure pak Noto.
Aku lan wong wong kaget kejaba pak Warji lan penganten putri semaput.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih kunjungannya,dan silahkan tinggalkan pesan sebagai saran pada blog sederhana ini salam persahabatan dari cerpen dunia maya

Barangkali kita bisa saling menginspirasi,mohon bila coppy paste sertakan link ke blog ini dan tulis pengarangnya.Terimakasih sahabat cerpen dunia maya